Budaya Jawi: Gangsal Pitutur Samin
Dening: Ibnu Nur Adim Fadilah
“Laku jujur, sabar, trokal, lan nrimo”
Aliran kali sing deres nyambut pinggiran
Nembus watu lan dalane rodha wektu
Aja nglirih saka padang, sanadyan peteng teka
Amarga wengi ora luwih endah tinimbang srengenge surup.
“Ojo dengki srei, dahwen kemaren, pekpinek barange liyan”
Nalika geni ngembuh lan kumelun dadi kandel
Gebyur rasa-rasa sing ora apik kanggo ati
Masio dewekne teka lan akhire mesthi bakalan mire
Amarga dina ora perlu kelingan rasa sing mboten sae.
“Ojo mbedo mbedakno sapodo padaning urip, kabeh iku sedulure dewe”
Mbarno rembulan lan srengenge bebarengan, aja di pegat!
Wadene padha nyawiji ing tata jagat raya sing endah
Sanadyan wektu misahake setengah dina, tur saben dina
Nanging mengko bakal tetemu nalika grahana.
“Ojo waton ngomong, omong sing waton”
Pedhang iku landep, nanging kalah karo alus e ilat
Sing bisa dadi semanis madu lan sepahit brotowali
Dadi o lakon sing isa ngatur saben tembung
Supaya ilat ora menehi kembang ireng ing ati manungsa.
“Biso Roso rumongso’”
Manungsa minangka kewan sing duwe ati lan rasa
Aja nganti emosi nguwasani nganti nutupi ati
Dadi o embun sing adem nalika saben esuk
Tetep o urip bareng cahya ing dalan cerito donya.

Leave a Reply