Nandur Budaya Kanggo Urip
Dening: Irin Prihartanti
Nagari Indonesia
Gemah ripah loh jinawi nagarine
Rentetan pulau saka sabang nganthi merauke dadi bukti
Ruh niki kasebut Bhineka Tunggal Ika
Macam werna nanging tetep utuh
Masyarakat saged ngahasilake budaya
Kental marang cipta, rasa, karsa
Kaya salah sawijine masyarakat jawa
Alus marang titi laku kaleh pangucapan
“Sugeng Enjing, mbak yu”
“Nyuwun sewu, badhe tanglet bapak”
Kabecikan kang sederhana iku saged jaga guyub rukun masyarakat
Amargi wonten proses ngurmati marang sesasarengan
“Eh, wonten tratak lian nopo niku pak?”
Ono lakon punakawan lan pandhawa kang dikendalike marang uwong, kasebut dalang
“Niku kasebut wayang kulit, nduk”
Perlakon nduwuni karakter dewe-dewe
Iku mau babagan kanvas budaya jawa, ono kang kawujud lan ora kawujud
Anaging ngoten, piwulangan nilai kang sarat kagem urip
Mugi iso ditandur lan diuri-uri

Leave a Reply